꧋ꦱꦧꦫꦁꦥꦁꦒꦮꦺꦏꦁꦏꦺꦴꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦏꦺꦱꦧꦶꦱꦧꦶꦱꦲꦫꦃꦲꦼꦤ꧀ꦏꦭꦮꦤ꧀ꦱꦸꦕꦶꦤꦶꦁꦔꦠꦶ꧉
Sabarang panggawe kang kotindakake sabisa-bisa arahěn kalayan sucining ati
‘Suatu pekerjaan yang engkau lakukan sebisa mungkin niatkanlah dengan kesucian hati’
Sawiji-wijining panggawe kang kolakoni, iku anggěpěn wajib. Murih dadining panggawe sarta těkaning panědya. Aja kongsi manut sěněnging ati kang ora běněr. Wujude kayata: mung melik pangalěmbana, wědi cinacat melik owahan kang rupa dhuwit utawa liya-liyane. Kang koanggěp dadi kauntungan kang mangkono iku bangět kaliru, malěsat saka garising kautaman tuwin kaluhuran, těmahan dadi asoring dhiri sarta nistha jěněngmu. Beda karo kang niyat amung anuhoni wajib aměsthi antuk luhur sarta utama. Apa maneh kasěbut mulya jěněngmu.