꧋ꦱꦧꦫꦁꦥꦁꦒꦮꦺꦏꦁꦏꦺꦴꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦏꦺꦱꦧꦶꦱꦧꦶꦱꦲꦫꦃꦲꦼꦤ꧀ꦏꦭꦮꦤ꧀ꦱꦸꦕꦶꦤꦶꦁꦔꦠꦶ꧉
Sabarang panggawe kang kotindakake sabisa-bisa arahěn kalayan sucining ati
‘Suatu pekerjaan yang engkau lakukan sebisa mungkin niatkanlah dengan kesucian hati’
Sawiji-wijining panggawe kang kolakoni, iku anggěpěn wajib. Murih dadining panggawe sarta těkaning panědya. Aja kongsi manut sěněnging ati kang ora běněr. Wujude kayata: mung melik pangalěmbana, wědi cinacat melik owahan kang rupa dhuwit utawa liya-liyane. Kang koanggěp dadi kauntungan kang mangkono iku bangět kaliru, malěsat saka garising kautaman tuwin kaluhuran, těmahan dadi asoring dhiri sarta nistha jěněngmu. Beda karo kang niyat amung anuhoni wajib aměsthi antuk luhur sarta utama. Apa maneh kasěbut mulya jěněngmu.
Yen wong nyambut gawe ngamungake melik owahan bae, samangsa owahane sathithik panggaweyane dialakake, ing buri bakal ora payu, sabab saka alaning panggaweyane. (Sotya Rinonce, h.6-7)
Terjemahan
Segenap perbuatan yang engkau lakukan, anggaplah itu sebagai kewajiban. Supaya karya itu terwujud sampai pada tujuan, janganlah sampai mengikuti kesenangan hati yang tidak benar. Misalnya: hanya ingin dipuji, takut dicela, selalu menghendaki bertambahnya harta, atau lain-lainnya yang engkau anggap menjadi keuntungan. Yang demikian itu sangat keliru, melenceng dari garis keutamaan dan keluhuran, sehingga menjadikan dirimu rendah dan namamu buruk. Berbeda dengan orang yang bersungguh-sungguh dalam melakukan kewajiban pasti mendapatkan keluhuran dan keutamaan. Terlebih lagi namamu akan mulia.
Jika orang bekerja hanya menginginkan perubahan saja, maka ketika perubahannya sedikit dan pekerjaan tersebut akan dicela, pada akhirnya akan tidak laku karena sangat buruk pekerjaannya.
Penulis: I Made Christian Rediana